Pikun
Ditulis oleh bocahkureng di/pada November 7, 2008
Sore-sore Wonokairun nangis gerung-gerung ndhik pinggir embong ambek napuki sirahe.
Gak sui Bunali liwat, begitu ndhelok onok wong tuwek nangis langsung mandhek nakoni.
“Mbah, laopo sampeyan nangis ndhik pinggir embong ?” takok Bunali.
“Aku ndhuwe bojo anyar ndhik omah, sik tas ae tak rabi, umure 20 taun, sik enom, ayu, semlohe. ” jare Wonokairun ambek nangis.
“Lho lak enak se sampeyan, laopo kok nangis lho ?. ” Bunali mulai bingung.
“Ngene lho cak, wis ayu, bojoku iku yo pinter masak. Opo ae kari njaluk, jangan asem, rawon, brengkes, sembarang sing enak-enak pokoke. ” jare Wonokairun.
“Lha kurang opo maneh sampeyan Mbah. Ngono kok sik mewek ae. ” Bunali tambah bingung.
“Mari ngono yo, bojoku iku setia pol ambek aku. Lek onok sing nggudho langsung dikandhakno aku. ” jare Wonokairun maneh.
“Lek ngono ceritane, lha terus opoko sampeyan kok nangis gerung-gerung gak mari-mari?” Bunali wis gak sabar meneh.
“Masalae aku lali ndhik endhi omahku . . . .”
Jangan Lupa Baca Juga :
Njaluk karo jin
Beda bemo dengan kura-kura
Salesman
Mbah Jo Loro
Kejadian Aneh di ICU RSHS Bandung
Ngumbah Kucing
Jogo Pelabuhan
Goleki Wedhus
Supir Taksi Anyaran













hidayanti berkata
ahahahahah
oi_oi berkata
Oalah mbah-mbah.Ngesakno sampeyan.arep mecah duren ae kok lali karo ladinge…….=))